Senin, 28 September 2020

SERAT WEDHATAMA YASAN DALEM SRI MANGKUNEGARA IV

Dr. Purwadi, M.Hum. Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara - LOKANTARA. 

A. Patuladhan Prayogi. 

Kasusastran Jawi ngalami jaman kencana rukmi. Sesarengan kaliyan tuwuhing Reriptan adi luhung  edi peni. Tuladhanipun serat Wedhatana. 

Bebukaning serat Wedhatama yasan dalem KGPAA Mangkunegara IV mawi sekar pangkur. Ing pangajab dados seserepan kagem nggulawenthah putra wayah, sentana, nayaka, abdi dalem sarta kawula. 

Pangkur 

Mingkar mingkuring angkara, Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung. Sinuba sinukarta, Mrih ketarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa, Agama ageming aji.

Jinejer neng Wedhatama, Mrih tan kemba kembenganing pambudi. Mangka nadyan tuwa pikun.
Yen tan mikani rasa, 
Yekti sepi asepa lir sepah samun,
Samangsane pasamuan gonyak ganyuk nglilingsemi.

Menggah jagading kasusastran, serat wedhatama misuwur sanget. Perlu kawuningan ingkang nganggit. Asma Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV. Miyos rikala dinten Ahad tanggal 8 Sapar, tahun Jimakir, Windu Sancaka 1738 utawi 3 Maret 1811. Asma timur kanthi sesebatan Raden Mas Sudira.

Duk nalika dinten Sabtu Pahing, tanggal 20 Rejeb, tahun Dal 1759 utawi 1833, Raden Mas Sudira nambut silahing akrami. Pikantuk kaliyan Bandara Raden Ajeng Dhunuk.

 Sarampunging palakrama, Raden MasSudira lajeng kaganjar nami Raden Mas Arya Gandakusuma.
Wondene Raden Mas Sudira piyambak kapernah wayah buyut Kanjeng Sinuwun Paku Buwana III ingkang jumeneng nata ing karaton Surakarta Hadiningrat tahun 1749 – 1788. Wiwit tanggal 24 Maret 1853 Raden Mas Sudira utawi Raden Mas Arya Gandakusuma winisuda anglenggahi dhampar kencana kanthi asma Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV.

 Ngasta pusaraning praja yuswa 42 tahun. Anglintir keprabon Sri Mangkunegara III ingkang sampun surud ing kasidan jati. Kanjeng Sri Mangkunegara IV tansah angengeti labuh labet ingkang sampun kaparingaken dening Kanjeng Panembahan Senapati, narendra gung binathara ing negari Metaram tahun 1582 - 1601.

Wedhatama mengku werdi ingkang lebet sanget. Wedha ateges wulang wuruk. Tama ateges kebecikan. Serat Wedhatana anggadhahi kitab ingkang ngemot piwucal kesaenan. Rinumpaka ing Sekar Sinom, KGPAA Mangkunegara IV asung penget dhumateng sagung jalma utama. . 

Sinom 

Nulada laku utama,
Tumrape wong Tanah Jawi, Wong agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senapati, Kepati amarsudi, Sudane hawa lan nepsu,
Pinesu tapa brata,
Tanapi ing siyang ratri, Amamangun karyenak tyasing sasama.

Para waranggana, wiyaga, penggerong remen sanget ngumandhangaken sekar sinom perijatha. Suwasana sigrak kawontenan gumyak. Sinambi keplok ambal ambalan. 

Narendra gung ing Mataram, Kanjeng Panembahan Senapati paring tepa palupi dhumateng Pangarsa pura. Jumeneng ing pura Mangkunegaran mawi sangu ingkang pepak. Kanjeng Adipati Mangkunegara IV kawentar kebak ngelmu sipating kawruh. Rinten dalu mersudi unggah ungguhing basa, kasar alusing rasa, jugar genturing tapa.

 Wejangan luhur Pangeran Sambernyawa utawi Sri Mangkunegara I arupi tri darma : rumangsa melu handarbeni, rumangsa wajib hangrungkebi, mulat sarira angrasa wani.
Nyambet wedharan kautaman kala wau, Sri Mangkunegara IV lajeng mawas dhiri. Panjenganipun anggraita kanthi pangandikan ingkang mentes, luwes, gandhes, dhemes.

Panguwasa iku sinambung tembung kang tansah gumunggung ana gunung. Tan sinelak panguwasa iku uga nugraha, hamung cak-cakan kang kapacak, gumantung pakarti budi kang kapiji.

Yen ta panguwasa iku dadi panguripan, yekti lumebune mring angkara, andel rosa lan sora.

Nanging yen ta dadi kahuripan, yekti lumebune mring darma, andel rasa lan rumangsa.

Samengko keh-kehe yen wus kuwasa, kalimput lali, tan lila kelangan kalungguhan.
 Hamung yen wus gaduk ing rasa, candhak ing tata, aja wedi nampi panguwasa.

Anggenipun mranata Pura Mangkunegaran tansah anglenggahi paugeran. Mila tahun 1854 Sri Mangkunegara IV netepaken layang paugeran.

Sarupaning wong kang ngarah kalungguhan, dadia ngabehi, demang, utawa rangga apadene bekel ing mengko ora kalilan yen nganggo sarana dhuwit, utawa barang liyane kang ana pangajine.

Amung kasangkanana lumebu dadi abdi dalem prajurit utawa liyane, ana dene yen kelakon, oleh kalungguhan, ora kalilan yen anjaluk dhuwit pangunjung tuwin panganyar-anyar marang bawah kareh rekane.

Apa dene yen nerak pepacak iki, kang ambekteni ora oleh kalungguhan, kang anampani bekti utawa anjaluk dhuwit panjunjung tuwin panganyar-anyar bakal kena patrapan, kapirit saka ing prakarane. Penget kautaman menika dipun ugemi saestu. 

Pranatan praja kinarya tentreming bebrayan. Bener lan adil gegebenganipun para pengembating negari. 
     
B. Wirya Arta Winasis. 

Ing pundi papan panggenan Sri Mangkunegara IV asung penget dhateng para sentana dalah abdidalem kinen anggayuh kamulyan. Salebeting gesang perlu gadhah tigang perkawis supados jangkep genep lan genah anggenipun gesang bebrayan. Tigang perkawis menika sinebat wirya arta winasis. 

Sinom

Bonggan kang tan merlokena
mungguh ugering ngaurip
uripe lan tri prakara
wirya arta tri winasis
kalamun kongsi sepi
saka wilangan tetelu
telas tilasing janma
aji godhong jati aking
temah papa papariman ngulandara.

Sekar sinom Serat Wedhatama ing nginggil saged dados penget lan gegondhelan menggahing tiyang Jawi. Pura Mangkunegaran wiwit canja winih kopi rikala tahun 1814. Mapan ing kebon kopi Gondosini Bulukerta Wonogiri, tapel wates Ponorogo. Kebon kopi lajeng dipun tanem ing tlatah Tawangmangu lan Betal Nguntaranadi wonigiri. .

Mbudi daya murih gancaring wulu pametu, kados pratelan ing nginggil, cihna bilih Pura Mangkunegaran tetep ngugemi sesanggeman wirya, arta, winarni. Wirya arupi kalenggahan panguwaos.

Arta wonten sesambetan kaliyan dhuwit. Leres pemut arta daya. Wewangunan gegandhengan kaliyan guna pangawikan.
Tanggal 8 Desember 1861 Sri Mangkunegara IV mandhegani jejeging pabrik gula Colomadu. Asiling gendhis Colomadu dipun sade ngantos dugi Bandanaire, Singapura.

 Untung tikel matikel, anjalari Pura Mangkunegaran sugih bandha bandhu.
Kalejangan hadeging pabrik gula Tasikmadu rikala tanggal 4 Juni 1871. Giling tebu mawi mesin uap. Nami majeng sanget.

Amrih lancaring pabrik gendhis, perlu dipun sengkuyung olah tetanen ingkang trep lan leres. Upaminipun  tahun 1874 Sri Mangkunegara IV ngrekadaya nanem wit kina, kangge nanggulangi penyakit malaria. Papanipun ing Kalisaro Tawangmangu.
Kebon teh mapan ing Ngimorata Tawangmangu Karanganyar. Taneman teh wiwit tahun 1877. Kebon nila dipun tanem tahun 1892.

Pabrik gendhing wonten gandhengipun kaliyan tebu. Kebon tebu kangge lancaring pabrik gula.  Pura Mangkunegaran manggih jaman kencana rukmi. Wewangunan ketingal megah asri anglam-lami.

Pamedhan, regol, pendhapi, pringgitan, dalem ageng, patanen, dhimpil, senthongan, balai warni, pracimusana kawangunendah edi peni. Sedaya wewangunan kala wau betah prabeya kathah. Asiling kebon lan pabrik gula cekap kangge nyembadani kehing wragat.

Mekaring kasusastran, kabudayan, wewangunan langkung gampil menawi kasengkuyung wulu pametu. Pura Mangkunegaran sengkut gumregut mbudidaya kemakmuran. Kebon tebu lan mbako kagungan Pura Mangkunegaran jembar sanget.

Tanah kagungan Mangkunegaran mundhut saking tlatah Demak, Terbaya Semarang, Pendrikan. Tanah saking tlatah Demak kapundhut saking kulawarga Bupati Jepara RAA Tjitirtrasoma. Tanah ing Semarang saking kulawarga RAA Soerohadimanggolo tanggal 11 Juli 1878.
Gancaring pambudi daya babagan wulu pametu, Pura Mangkunegaran andhawuhi kawedanan Kartapraja. 

Bebadan punika mbawahi kemantren harta usaha ingkang mandhegani kebon kopi, tebu, mbako, nila, teh. Kemantren Hartamimpuna mandhegani arta lan pajek. Kemantren Reksadana mandhegani pakaryan bendahara praja.

Pakaryan ingkang kaperang kanthi tumata, anjalari sedaya pedamelan lancar. Wulu pametu lumampah sae. Kemakmuran Pura Mangkunegaran majeng, kajen keringan. Kapribaden dados ajeg jejeg. Mandhireng pribadi ing tata gesang. Ki Nartasabda nyebat kapribaden katimuran. 

C. Patitis ing Samukawis. 

Tata titi tatag tutug tatas titis mahanani rampunging gagasan. Titis ing samukawis dados kasunyatan menawi kinanthen ilmu ingkang pepak, kawruh ingkang jangkep, pernatan ingkang genah. 

Perkawis ingkang abot ruwet sembada dipun udhari mawi jangkeping kawruh. mila tiyang gesang wajib ngudi undhaking ngelmi. Sekar pucubg Serat Wedhatama nerangaken jangka jangkah ngelmu laku. 

Pocung 

Ngelmu iku kelakone kanthi laku . Lekase lawan kas . Tegese kas nyantosani , Setya budya pangekese dur angkara.

Angkara gung neng angga anggung gumulung,
Gegolonganira,
Triloka lekere kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Beda lamun kang wus sungsem reh ngasamun,
Semune ngaksama,
Sasamane bangsa sisip, Sarwa sareh saking Mardi martatama.

Basa ngelmu mupakate lan panemu, Pasahe lan tapa, Yen satriya tanah Jawi, Kuna kuna kang ginilut tripakara.

Lila lamun kelangan nora gegetun,
Trima yen ketaman, 
Sakserik sameng dumadi, Tri legawa nalangsa srah ing Bathara. 

Pethikan pucung serat wedhatana ing inggil misuwur ing sadhengah papan. Kabudayan lumampah mawi paugeran. Sentana dalah abdi dalem maos serat wedhatama. Punapa malih para pangarsane praja, perlu sanget mersudi pitutur luhur. Adhedhasar wedharan kautaman, satemah Kawula ing padhusunan tut wuri handayani. 

Pangageng praja anut paugeran. Kawedanan among praja mbawahi kemantren sastralukita ingkang mandhegani olah kridhaning basa sastra. Kemantren reksapustaka mandhegani serat-serat wigatos. Cathetan agesang kadamel ngembuyung. 

Kemantren pamong siswa mandhegani pamulangan, kawruh, ilmu, seserepan.
Piranti ingkang karipta murih gancaring pamulangan, Pura Mangkunegaran yasa wayang madya. Dados sarana sumebaring Serat Witaradya ingkang paring pratelan negeri Mamenang lan Pengging. Wayang madya karipta tahun 1872. Budaya Jawi sangsaya mekar wangi salumahing bumi. 

Kawentar sinebat pujangga narpati, Sri Mangkunegara ugi ngripta Serat Warayagnya, Wirawiyata, Nayakawara, Darmawasita, Salokatama, Paliatma, Sriyatna, Tripama, Wedhatama, babad sinawung sekar, babad Wonogiri, Giripura, Tegalganda, serat Ngadani Pabrik Tasikmadu. Sedaya reriptan menika kangge njembaraken kawruh, undhaking seserepan. 

Reriptan sastra piwulang sanesipun inggih punika ngalamat, babad serenan, werdining bangsal tosan, ngadani Bendungan Tirta Swara, ngadani Bendungan Tambak Agung, Srikaton, Nyanjata Sangsam, Wonogiri Prangwadana, Werdining Pandel Mangkunegaran, Pesanggrahan Langenharjo, rerepen. Reriptan Sri Mangkunegara wau damel padhanging jagad raya. 

Sastra piwulang saestu mahanani bebrayan tumata, tumuli sami ayem tentrem. 
Sri Mangkunegara IV paring sesorah, murih gesang saged patitis ing samukawis. Wejangan wau sinebut astagina, inggih punika cacah wolu : 1) golek panggautan, 2) rigen, 3) gemi, 4) nastiti, 5) weruh ing petung, 6) taberi tatanya, 7) nyegah kayun, 8) nemen ing sedya.

Piwulang kala wau dipun landhesi watak kasudarman sregep, pethel, tegen, wekel, pangati-ati. Aja nganti sembrana nindakake panguripan. Yen wus kepleset, angel tangine. Wusana rekasa ing samubarang gawe. Weling utama mau prayoga wigatekna. Ing pangajab warga bangsa kakung putri pinanggih wilujeng lahir batos.

Kaserat Dr. Purwadi, M.Hum, 25 September 2020
Jl. Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta, hp. 087864404347

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SEJARAH PRABU SILIWANGI

SEJARAH PRABU SILIWANGI.  Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum. Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA Hp: 0878 6440 4347.  A. Berdirinya Istana ...