Senin, 28 September 2020

AJARAN SERAT WULANGREH YASAN SINUWUN PAKU BUWANA IV

Dr. Purwadi, M.Hum. Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara - LOKANTARA. 

A. Sastra Piwulang Minangka Pandam Pandoming Agesang. 

Wedharan ingkang wigati rinumpaka lumantar sastra piwulang. Para pujangga minangka pandam pandom panduming dumadi ing babagan pangawikan. Kadosta serat Wulangreh karipta dening Kanjeng Sinuwun Sri Susuhunan Paku Buwana IV.

Panjenenganpun Sahandap Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Paku Buwana IV, miyos dinten Kamis  Wage, 18 Rabi’ul Akhir 1694 utawi 2 September 1768. Narendra gung binathara bau dhendha nyakrawati punika jumeneng nata ing kraton Surakarta Hadiningrat dinten Senin Paing, 28 Besar 1714, utawi 29 September 1788.

Olah gelaring kasusastran sesarengan kaliyan mekaring kabudayan, pamarintahan, pambangunan, kasantosan. Karaton Surakarta Hadiningrat nami ngejayeng jagad raya. Surud  dalem Sinuwun Paku Buwana IV dinten Senin Paing, 25 Besar 1747 utawi 2 Oktober 1820.

Nalika ngrumpaka serat Wulangreh tahun 1789, Kanjeng Sinuwun Paku Buwana IV tansah sinengkuyung dening garwa pramesari Gusti Kanjeng Ratu Kencono Wungu. Putri Bupati Pamekasan punika timuripun asma Raden Ajeng Sukaptinah. Isinipun serat Wulangreh kabiwarakaken dening warangka dalem Patih Sosrodiningrat II.  Nate kawaos tahun 1795 ing Pendhapi Kadipaten Surabaya. 

Misuwuring serat wulangreh dugi jaban rangkah. Sekar dhandhanggula murwakani babaran Serat Wulangreh. Kanjeng Sinuwun Paku Buwana IV paring sesorah babagan unggah ungguh, tata krami, kanthi andhap asor. Pethikan ing ngandhap menika saged kagem gegebengan. . 

Dhandhanggula 

Pamedharing wasitaning ati, 
cumanthaka aniru pujangga, 
dahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung, 
datan wruh yen keh kang ngesemi, 
ameksa angrumpaka, 
basa kang kalantur, 
tutur kang katula-katula, 
tinalaten rinuruh kalawan ririh, 
mrih padhanging sasmita.

Sasmitaning ngurip puniki, mapan ewuh yen tan weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku aku, pangrasane sampun utami, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, 
rasaning rasa punika, 
upayanen darapon sampurneng diri, 
ing kauripan nira.

Lamun sira anggeguru kaki, 
amiliha manusia kang nyata, 
ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing hukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang sampun mungkul, 
tan mikir pawehing liyan, iku pantes sira guranana kaki, 
sartane kawruhana.

Lajeng tegesipun Serat Wulangreh menika menapa? Menggahing tiyang Jawi Serat Wulangreh punika dados sanguning agesang. Serat tegesipun pustaka ingkang dipun anggit, minangka wedharing raos tuwin angen-angen. Ngrumpaka serat kangge ngudhar gagasan sarta pratelan. Kawruh ingkang sae prayogi dipun ripta awujud serat. Pamrihipun sajiwa kaliyan ingkang maos. 

Dene tembung wulang saemper kaliyan ajaran. Amila lajeng wonten tetembungan wulang wuruk, wulangan, wejangan, wedharan. Pratelan tumuju kesaenan winastan wulangan, sabarang tindak sapecak, sembur tutur uwur, wewarah kautaman ingkang tinatar ugi kawastanan wulangan. Tembung wulang kerep dipun agem ing sadhengah papan.

Katrangan tembung reh magepokan kaliyan pranatan. Reh tegesipun mranata, mandhegani, ngupakara, mbudidaya, ngrekadaya. Tembung reh ugi gadhah pikajeng barang sakalir. Upaminipun rehing kadarman. Tegesipun babagan darma bakti, labuh labet, kabecikan tumraping bebrayan. Reh tata krami, tegesipun paugeran babagan kasusilan. Ngereh tegesipun nyepeng wewenang adhedhasar panguwaos. 

Wonten sejarah tembung reh asring kagem mratelakaken satunggaling panguwaos negari. Upaminipun wiwit tahun 1546 Kanjeng Sultan Hadiwijaya jumeneng nata ing Pajang. Panjenenganipun kagungan wewenang ngereh para Adipati ing Tanah Jawi. Conto sanesipun rikala tahun 1582 Kanjeng Panembahan Senapati kagungan panguwaos ngereh Negari Mataram. Cak-cakaning tembung reh ing katrangan punika wonten gandhengipun kaliyan tata praja. 

B. Murih Lantiping Panggrahita. 

Kanthi terang trewaca Kanjeng Sinuwun Paku Buwana IV mratelakaken tata cara gesang ingkang utami. Murih sampurnaning gesang, sadhengah putra wayah prayogi purun nggegulang dhiri. Caranipun mawi cegah dhahar lawan guling. Wedharan kala wau kapacak wonten pupuh sekar kinanthi ingkang cocok kalian pangretosan. 

Kinanthi 

Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den-kaesthi, 
pesunen sariranira sudanen cegah dhahar lawan guling.

Dadiya lakunireku, 
cegah dhahar lawan guling, lan aja kasukan-sukan, 
anganggowa sawatawis, 
nora wurung ngajak-ajak, 
satemah nular ing batin.

Yen wis tinitah wong agung, aja sira ngugung diri, ywa paliket lan wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak 
atemahan nenulari.

Wosing serat Wulangreh pancen karumpaka kanthi ancas ingkang luhur. Sinuwun Paku Buwana IV yasa Serat Wulangreh kanthi basa prasaja, sastranipun edi peni, isinipun adi luhung. Wulangan salebeting serat Wulangreh ugi saperangan kababar saklebeting serat Centhini yasan Sinuwun Paku Buwana V, ingkang jumeneng nata tahun 1820 – 1823. Serat Centhini kaserat megah mewah. 

Kaserat mawi sekar macapat, kaangkah serat Wulangreh langkung gancar dados pamulangan. Dr Djoko Dwiyanto lan Dr Sukatmi Sesantina tahun 2010 karem sanget methik sastra piwulang. Amargi gampil kangge apalan, cocok kaliyan swasana kejawen. Mendhet patuladhan saking tanem tuwuh jagad gumelar. Jamak limrah menawi dipun waos lajeng karaos miraos. Sekar gambuh ing ngandhap punika paring wedharan, supados tebih saking tindak adigang, adigung, adiguna. 

Gambuh
   
Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kelantur, 
tanpa tutur katula-tula katali, 
kadalu-warsa katutuh, kapatuh pan dadi awon. 

Aja nganti kabanjur, 
sabarang polah kang nora jujur, yen kabanjur sayekti kojur tan becik, 
becik ngupaya iku, 
ing pitutur ingkang yektos. 

Tutur bener puniku,
sayektine apantes tiniru,nadyan metu saking wong sudra papeki,lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo.

Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,pan adigang kidang adigung pan esthi,adiguna ula iku,
telu pisan mati sampyoh.

Si Kidang. umbagipun,
ngendelaken kebat lumpatipun,pan si gajah ngendelaken ageng inggil, ula ngendelaken iku, 
mandine kalamun nyakot.

Iku upaminipun,
aja ngendelaken sira iku,suteng Nata iya sapa kumawani,
iku ambege wong digung,ing wasana dadi asor.

Sastra piwulang punika kawentar sanget. Sayektos serat Wulangreh dados piranti murih lantiping jiwa ingkang luhuring budi. Tahun 2015 serat Wulangreh karembag ing Sanggar seni Pustaka Laras. Lumantar pawiyatan lan pakempalan kabudayan, serat Wulangreh sangsaya tumangkar ngrembaka arum kuncara. 

Kaserat dening Dr Purwadi M.Hum. 21 September 2020. Hp 087864404347

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SEJARAH PRABU SILIWANGI

SEJARAH PRABU SILIWANGI.  Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum. Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA Hp: 0878 6440 4347.  A. Berdirinya Istana ...