Senin, 28 September 2020

SEJARAH KYAI AGENG HENIS LELUHUR KRATON MATARAM

Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum
Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA


A. Pepundhen Para Nata ing Tanah Jawi

Ki Ageng Henis miyos rikala jaman Demak tahun 1493. Peputra Ki Ageng  Pemahanan. Lajeng nurunaken Kanjeng Panembahan Senapati, narendra Mataram tahun 1582 – 1601. Dene ingkang rama Ki Ageng Henis asma Ki Ageng Sela, putranipun Ki Ageng Getas Pendawa. Silsilah ing nginggil Ki Ageng Getas Pendawa putranipun Raden Bondan Kejawan patutan kaliyan Dewi Nawangsih.

Saking alur Nawangsih, putri Ki Ageng Tarub. Dene alur saking Raden Bondan Kejawan tedhak turun Prabu Brawijaya V, narendra ing karaton Majapahit pungkasan jumeneng nata Majapahit tahun 1478. Ki  Ageng Henis sayektos trahing kusuma rembesing madu, wijiling atapa, tedhaking andana warih.

Miturut layang sejarah Ki Ageng  Henis seda tahun 1563, jaman Kasultanan Pajang. Tumuli kapetak ing pajimatan Laweyan. Ki Ageng Pamanahan putra Ki Ageng Henis mapan ing tlatah Manahan. Ing tembe dadi pangarsa kang pinercaya dening Kanjeng Sultan Hadiwijaya utawa Jaka Tingkir. Ki Ageng Pamanahan ginanjar Alas Mentaok. Ki Ageng Penjawi ginanjar bumi Pati.

Putra Pamanahan asma Ngabehi Loring Pasar utawa Danang Sutawijaya. Ing tembe jumeneng nata ing Negeri Mataram, kanthi jejuluk Panembahan Senapati. Garwa prameswari asma Ratu Waskitha Jawi, putri Adipati Pati, Ki Ageng Panjawi. Miyos putra kakung lumintir keprabon jejuluk Sinuwun Prabu Hadi Hanyakrawati. Jumeneng nata ing Mataram tahun 1601 – 1613.

Sabanjure Sinuwun Prabu Hadi  Hanyakrawati anggarwa Ratu Banuwati, putri Pangeran Benawa Pajang. Kapernah wayah Sultan Hadiwijaya. Palakrama iku nuli miyos Raden Mas Jatmika. Ing tembe jumeneng nata ing Mataram tahun 1613 – 1645, kanthi jejuluk Sinuwun Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma. Keprabon Mataram dibacutake denin Sinuwun Amangkurat Agung 1645 – 1677, Sinuwun Amangkurat Amral 1677 – 1705, Sinuwun Amangkurat Mas 1703 -1708, Sinuwun Paku Buwana I 1708 – 1719, Sinuwun Paku Buwana II 1719 – 1726, Sinuwun Paku Buwana III 1726 – 1749.

Wewangunan ing Pajimatan Ki Ageng Henis dipun yasa dening Sinuwun Amangkurat Amral wiwit tahun 1677. Nalika semanten kutha negari Mataram pindhah saking Plered dumugi Kartasura. Pangangkah mendhem jero mikul dhuwur, ngalap berkah para leluhur.

Pindhahan kraton Kartasura dhateng Surakarta tanggal 17 Sura 1745. Sinuwun Paku Buwana II nyuwun idi palilah dhumateng Ki Ageng Henis, murih manggihi suka basuki. Pindhahan negari dipun pandhegani dening  Tumenggung Hanggawangsa. Wilujengan ing pasareyan Ki Ageng Henis kanthi titi premati.

Saben wulan Ruwah para darah nata turun Mataram sami sowan. Tata cara nyadran ing Pajimatan Ki Ageng Henis lumampah kadherekaken dening abdi dalem sentana tuwin pengageng karaton. Mugi rahayu kang sami pinanggih.
       
B. Tata Cara ing Pasareyan Laweyan

Paugeran sampun netepaken bilih makam Ki Ageng Henis minangka cagar budaya. Pratelan punika adhedhasar keputusan Walikotamadya Kepala Daerah Tingkat II Surakarta nomor 646/116/1997. Wondene cagar budaya No. 01 63/F/Lw/2012 Makam Ki Ageng Henis.

Katrangan salajengipun bilih : cagar budaya ini dilindungi oleh Undang-undang Republik Indonesia No. 11 tahun 2010 tentang cagar budaya. Surakarta, Nopember 2012. Terang trewaca bilih pasareyan pikantuk kawigatosan saking pemerintah. Landhasan hukum wigatos sanget murih lestarining tata cara ingkang sampun lumampah.

Pranatan sowan pasareyan/pajimatan kagungan dalem karaton Surakarta Hadiningrat. Dhawuh dhumateng abdi dalem juru kunci pajimatan.
1. Kori mlebet pajimatan kedah dipun kunci.
2. Para peziarah kedah lapur juru kunci.
3. Peziarah kedah lepas srandal, sepatu, sarung.
4. Peziarah kedah saged njagi ketertiban, kesopanan, kebersihan, ngisi buku tamu.
5. Ngisi kotak amal sakeparengipun/sukarela, juru kunci.

Katitimangsan 1 Desember 2004, pengageng Yogiswara, GPH Chayaningrat.
Beteng tembok kandel ngubengi pasareyan. Ngajengipun lepen bening. Sisih ler masjid. Palereman juru kunci rinengga sesekaran. Joglo limasan kanan kering, papan kagem ngaso peziarah. Gapura kembar ketingal kukuh bakuh njenggreng mrebawani.

Trah para nata ingkang kaprenah wayah kagungan wewenang sumare ing pasareyan Ki Ageng Henis. Rikala tanggal 26 September 2020 utawi 8 Sapar 1954 Jimakir wonten ingkang nandhang dhuhkita. KPH Sardiatmo Brotoadiningrat marak sumiwi ing Ngarsanipun Allah SWT. Panjenenganipun wayah dalem Sinuwun Paku Buwana X. Ingkang ibu asma GKR Brotodiningrat, putri dalem ingkang kagungan keprigelan nyerat Rante Mas Sejarah Karaton Mataram.


Wiwit jam 12.30 para peziarah andalidir dhateng pasareyan. Sami dandos busana kejawen jangkep, tanpa wangkingan. Tata cara ingkang tinamtu, sowan ing pasareyan boten pareng ngagem dhuwung.  Putri ngagem nyamping, sanggulan, kebaya cemeng. Saperangan ngronce sekar melathi, nengga rawuhing ponang layon. Lenggah lesehan kaliyan kipas-kipas. Amargi hawa sawetawis sumuk panas sumeles.

Pratelan saking Bendara Raden Ayu Retno Handayani, ingkang sumare ing pajimatan kaprenah wayah dalem ingkang Sinuwun. Wayah buyut mapan ing sasana Ngendhen.  Mekaten sapiturutipun. Pasareyan Ngendhen kagem tedhak turun buyut. Saking karaton Surakarta watawis 5 km arah ngilen. Abdi dalem juru kunci ugi dipun paringi papan piyambak, menawi sampun dugi wancinipun surud. Mapan cerak kaliyan pasareyan Ngendhen. 

Mungguhing penghayat kejawen pasareyan Laweyan nami wingit. Saben dalu wonten priyayi tuguran. Lek-lekan minangka sarana tirakatan. Pamikiripun pikantuk sawab kawibawan. Tedhak turuning nata tartamtu kagungan daya linuwih. Wungon ngantos wanci parak esuk. Para-para ingkang kagungan hajat sami ndhedheku ing pasareyan Ki Ageng Henis Laweyan megeng cipta murih kasinungan drajat pangkat semat. 

Ditulis oleh Dr. Purwadi, M.Hum, 28 September 2020 
Alamat: Jl. Kakap Raya 36 Minomartani, Yogyakarta, Hp: 0878 6440 4347

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SEJARAH PRABU SILIWANGI

SEJARAH PRABU SILIWANGI.  Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum. Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA Hp: 0878 6440 4347.  A. Berdirinya Istana ...