SERAT NITISRUTI
YASAN PANGERAN KARANGGAYAM
PUJANGGA KRATON PAJANG
Dr. Purwadi, M.Hum; Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA
A. Peguron Tlatah Pengging
Kraton Pajang dipun pandhegani dening Kanjeng Sultan Hadiwijaya wiwit tahun 1546. Asma timur Mas Karebet utawi Jaka Tingkir. Ingkang rama peparab Ki Ageng Kebo Kenanga, murid Syekh Siti Jenar. Ki Ageng Kebo Kenanga ugi katelah Ki Ageng Pengging.
Dene ingkang ibu nama Ratu Raga Warih, putri Bathara Katong Bupati Ponorogo. Ki Ageng Pengging putra Adipati Handayaningrat patutan kaliyan Kanjeng Ratu Pembayun. Putri Sinuwun Prabu Brawijaya V punika saestu wasis ing samukawis. Saged winastan mustikaning putri, tetungguling widodari. Jaman kraton Majapahit manggih kencana rukmi, Kanjeng Ratu Pembayun dados sekar kedhaton ingkang misuwur.
Jaka Tingkir nglintir keprabon Kasultanan Demak Bintara. Prameswari dalem Sultan Pajang kapernah putri Sultan Trenggana, narendra Demak tahun 1523 - 1541. Kinasih Kanjeng Ratu Mas Cepaka. Jaka Tingkir utawi Sultan Hadiwijaya kawawas saking alur rama lan ibu sayektos trahing kusuma, rembesing madu, wijining atapa, tedhaking andana warih.
Saksurudipun Ki Ageng Pengging, Mas Karebet dipun emong kaliyan Nyi Ageng Tingkir. Amila lajeng sinebat Jaka Tingkir. Mitra sapeguron Ki Ageng Pengging sami cancut taliwanda ndherek nggulawenthah Jaka Tingkir. Kadosta Ki Ageng Sela, Ki Ageng Butuh, Ki Ageng Pringapus, Ki Ageng Karanglo, Ki Ageng Banyubiru. Para murid Syekh Siti Jenar lan Kanjeng Sunan Kalijaga punika kasusra priyagung ingkang kebak ngelmu sipating kawruh.
Wejangan para dwija minulya dados sanguning gesang tumrap Jaka Tingkir.
Rinten dalu Jaka Tingkir mahas ing ngasepi, manjing wana wasa, tumuruning jurang terbis.
Lelana ing madyaning wana gung liwang liwung, kang gawat kaliwat-liwat, angker kepati-pati. Jaka Tingkir lara lapa tapa brata, megeng napas mbendung swara. Ana ganda tan ingambu, ana rupa tan den dulu.
Nanging cipta sasmita anjalari sedaya panuwun kabul. Apa kang sinedya teka, apa kang pinuji dadi. Jumbuh kang ginayuh.
Jaka Tingkir kewahyon, kuwat drajat pangkat, semat. Para guru ingkang ndherek nggulawenthah suka ing galih. Jaka Tingkir tumuli anglenggahi dhampar kencana ing Pajang. Dipun sengkuyung dening Kanjeng Ratu Kalinyamat, ambawani Tanah Jawi.
Perlu kawuningan bilih Kanjeng Ratu Kalinyamat menika putri Sultan Trenggana narendra gung ing kraton Demak Bintara. Rikala tahun 1536 - 1569 mandhegani kadipaten Jepara.
Rehning ratu
Kalinyamat punika pangarsa kadipaten ing sugih brewu, mila dados papan pangaupan. Pangeran Karanggayam ingkang ngripta Serat Nitisruti ugi kaparingan redana murih gancaring pakaryan.
Dhandhanggula
Memanising wasita kaesthi. Nitisruti kang sinudarsana.
tinulad ing sapantese.
pinetan kang pikantuk. lan jamaking jaman samangkin. tujuning kemajengan asedya arjayu. yuwananing nuswa jawa. ywa kongsi kalantur lantur kawuri.
kewraning pangawikan.
Nguri-uri para parameng kawi.
kawileting ring pangawikan.
kang mikane ing kajaten. temah katrem katungkul.
kanikmatan kawruh ing pati. dadya kadunyanira. kawuri kalantur. awit datan anggrahita. marma mangkya karsaning sarjanadi. binudi mrih widagda.
Widada kadunyan ingupadi. bangkit dadya luhuring darajat. mring kapraptan sakajate.
nanging aywa kalimput. tilar talu tataning nguni.
nitisruti tinilar.
talesing sedyayu.
supadya tancep ing cipta. aywa oncat careming carita Jawi. mangkono kang wasita.
B. Ambawani Tanah Jawi
Murih jejeging pranatan negari, Pangeran Karanggayam kawisuda minangka pujangga kraton Pajang tahun 1547. Kairing mawi gendhing ketawang Gandamastuti laras pelog pathet nem. Wisudan kapujanggan katingal regeng ngengreng.
Pangeran Karanggayam tumuli kapatah ngripta serat Nitisruti. Isinipun babagan pituduh satataning panembah, raos pangraos, kapribaden, bebener, panggautan, pangaupan, tata praja, salaki rabi, bebrayan, sambang, sambung, srawung, tulung tinulung. Tiyang satlatah Pajang sami mangestu amituhu.
Nlesih sejarah pujangga jawi. Pangeran Karanggayam taksih turun darah Kapujanggan Kraton Majapahit. Kang eyang peparab Empu Tantular, pangripta Kitab Sutasoma tahun 1354. Dipun tlesih manginggil lajeng tedhak turun Empu Panuluh pujangga kraton Daha Kediri tahun 1238. Urut jaman kina dugi Empu Kanwa pujangga kraton Kahuripan tahun 1060. Darah kapujanggan nak tumanak run tumurun dumugi Pangeran Karanggayam pujangga kraton Pajang.
Serat Nitisruti ingkang dados kaca benggala sedaya nayaka sentana lan kawula Pajang tahun 1552 dipun tedhak. Saben kadipaten kaparingan gangsal cithakan. Serat Nitisruti minangka sumbering kapustakan Jawi. Para bupati pesisir, bupati Bang Wetan lan bupati Bang Kilen, maos kanthi titi permati.
Waosan Serat Nitisruti ing sisih kilen mapan ing tepining bengawan Serayu. Lajeng pindhah ing tlatah Panjer Kebumen. Sakmenika dados kecamatan Karanggayam Kabupaten Kebumen.
Megatruh
Milanipun caraning jaman rumuhun.
kathah ingkang para mantri. mangsah prang pejah kadulu.
dene kang mangkono yekti.
tinulat pakewoh.
Wit wadyanya pindha kuthuk ting caranguk.
tinilaring rena anis.
apuwara tanpa tuju.
lir kali damaring nagri.
muhung tumindak sapakon.
Tanpa budi amardi dayane kalbu.
ing wekasan nguciwani. keh wewulang duk ing dalu. kang samya kawrating tulis.
amamarah kang kinaot.
Bab ing nistha madya myang katamanipun.
para mantri lir ing ngarsi. kang manuratan anggayuh.
apa wandan tau udani. mring kweh ing kintaka kaot.
Mangkya lamun samya kapanudyeng kayun. kaparenga nguningani.
mitha utamaning idhup. myang wrin purwaning dumadi.
mrih widada praptaning don.
Kumandhanging Sekar megatruh mawi genderan laras pelog. Lajebg pambiwaraning Serat Nitisruti tebih lan wiyar sanget.
Saben Slasa Kliwon ing astana Sastrawulan utawi Trowulan Mojokerto wiwit tahun 1562 dipun adani sarasehan. Para pendherek Siti Jenar gadheng renteng kaliyan warga trah Empu Prapanca maos sastra piwulang kagem ngenggar-enggaring penggalih.
Rikala dinten Jumat Legi ing puncaking gunung Tidar ugi dipun sengkuyung oncek-oncek kawruh kina. Tahun 1563 pendherek Syekh Subakir ngaturi rawuh Pangeran Karanggayam saperlu ndhudhah ajaran agami Budha, ingkang wonten sambetipun kaliyan candi Borobudur.
Pepanggihan ing ereng-ereng gunung Lawu kalajengaken ing kali Ketangga dumados tahun 1564. Pangeran Karanggayam ngendika ngelmu pangawikan, sangkan paraning dumadi lan manunggaling kawula Gusti. Babaran ngelmu kasampurnan kalawau, sairip kaliyan wedharan Syekh Siti Jenar ingkang kabesut alus.
Rembag kasepuhan ugi dipun adani ing puncaking Saptaharga, inggih gunung Murya. Kepareng rawuh guru suci ing tanah Jawi, Kanjeng Sunan Kalijaga, Waliyullah menika mbabar wosing panembah jati. Pangeran Karanggayam pancen siswa kinasih Kanjeng Sunan Kalijaga. Saben tanggal 27 Sura ing puncak Saptaharga utawi Wukiratawu katindakna wulang-wulang kejawen. Kawiwitan tahun 1565.
Pucung
Mring wong luput den agung aksamanipun.
manungsa sapraja.
pancen tyase supadya sih.
pan mangkana wosing tapa kang sanyata.
Yen amuwus ywa umrus rame kemruwuk.
brabah kabrabeyan.
lir menco ngoceh ngecuwis.
menek lali kalimput kehing wicara.
Nora weruh wosing rasa kang winuwus.
tyase ketambetan.
tan uninga ulat liring.
lena weya pamawase ciptamaya.
Dene lamun tan miraos yen amuwus.
luwung amendela.
nanging ingkang semu wingit.
myang den sumeh ing pasemon kang jatmika.
Yen nengipun alegog legog lir tugu.
basengut kang ulat.
pasemon semu anginggit.
yen winulat nyenyengit tan mulat driya.
Kang kadyeku saenggon enggon kadulu.
ngregedi paningal.
norangresepate ati.
nora patut winor aneng pasamuwan.
Ulat iku nampani rasaning kalbu.
wahyaning wacana.
pareng lan netya kaeksi.
kang waspada wruh pamoring pasang cipta.
Wit wosipun ngagesang raosing kalbu.
kumedah sinihan.
ing sesamaning dumadi.
mung purwanya sinihan samaning janma.
Nadyan ratu tetep jalma kang satuhu.
nanging Sri Narendra.
iku pangiloning bumi.
enggonira ngimpuni siking manungsa.
Mapan sampun panjenenganipun kang Sinuwun.
sinebut narendra.
ratuning kang tata krami.
awit dennya amenaki tyasing janma
Kang kawengku sajagad sru kapiluyu.
kelu angawula.
labet piniluta ing sih.
ing wusana penuh aneng pasewakan.
C. Gegulang Dhiri Mesu Budi
Isinipun serat Nitisruti ugi kababar ing Kayangan Dlepih Tirtomoyo Wonogiri tahun 1566. Papan menika wingit sanget. Pangeran Karanggayam kagungan jangka bilih wonten titah pinunjul ingkang pikantuk wahyu keprabon saking tlatah Dlepih Kayangan. Saestu Panembahan Senapati nampi nugraha ing Kayangan Dlepih. Panembahan Senapati jumeneng nata ing Mataram tahun 1582 – 1601.
Para nata ing Mataram salajengipun nyerat lan nedhak Serat Nitisruti. Ing pangangkah murih rahayu sagung dumadi. Para pujangga agung nedhak lan mulat lekasipun Pangeran Karanggayam. Pujangga Yasadipura tahun 1746 mencaraken kasusastran Jawi adhedhasar warisan Pajang.
Mijil
Ulah budi udaling lelungit.
sira den waspaos.
kudu awas waskitha ing tyase.
wruh semuning panuksma kang remit.
marmanta rasandi
saduning rumuhun.
Pra linangkung miwah among tani.
ingkang andhap asor.
ingesoran sasolah bawane.
anoraga dening anuruti.
saosiking janmi.
sabda wacana rum.
Solah tingkah karem tyas tan yekti.
satemah salah don.
tilar tata kramane rinemeh.
yen mangkono wekasaning wuri.
tan wus sira keni.
kinambung ambek dur.
Rerepan tembabg mijil Serat Nitisruti menika kerep ngumandhang ing awang-awang. Umbul Pengging ingkang bening kinclong-kinclong mimbuhi swasana asri anglam-lami. Tanah ingkang subur anjalari para warga gesang makmur. Sedaya rumaos muju, para pangarsa tlatah Pengging pikantuk kanugrahan ageng luhur. Wondene pujangga asung sembur uwur tutur.
Pangeran Karanggayam sampun paring piwulang ingkang wijang terang padhang. Sejarah tanah Jawi kajen keringan ing salumahing bumi. Perlu lestari kanthi nggegulang dhiri mesu budi.
Dr. Purwadi, M.Hum; 01 Oktober 2020
Jl. Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta,hp 087864404347
Tidak ada komentar:
Posting Komentar