PUJANGGA AGUNG
PAMETRI BUDAYA ADI LUHUNG
Dr. Purwadi, M.Hum.
Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara - LOKANTARA. Hp 087864404347
A. Wewarah Becik.
Kabudayan Jawi sampun lumampah kanthi basuki lestari. Kathah peninggalan sejarah ingkang asung wewarah. Ing pangajab bebrayan Jawi tambah ayem tentrem. Wiwit saking kutha ing ngakutha, dhusun ing ngadhusun, gunung ing ngagunung, sami gadhah gegayuhan luhur.
Desa mawa cara, negara mawa tata. Paugeran kala wau dipun rungkebi saestu dening tiyang Jawi. Wulangan, wejangan, wedharan, kababar saking tiyang sepuh kanthi nak tumanak, run tumurun. Sedaya warga kagungan pangajab gesang ingkang panjang punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja.
Karaton Kahuripan, Jenggala, Daha, Kediri, Singasari, Majapahit, Demak, Pajang, Mataram, Surakarta, Yogyakarta, Mangkunegaran, Paku Alaman sayektos arum kuncara. Kasusastran, kesenian tata praja, panembah jati, saestu ngemu suraos budaya adi luhung. Liripun magepokan kaliyan udhu panemu ngantos dumugi telenging kalbu.
Wondene kagunan edi peni magepokan kaliyan suwasana kaendahan, karawitan, pedhalangan, beksan, kethoprak, wayang wong sumebar ngrembaka ngrenggani tanah Jawa. Amila nami jamak limrah, menawi kabudayan Jawi kasusra ing saindhenging jagad raya.
Rikala tahun 1112 Kanjeng Sinuwun Prabu Airlangga paring dhawuh dhumateng Empu Kanwa. Raja Kahuripan menika ngersakaken rumpakan kakawin Arjuna Wiwaha. Wosing gati yasan Empu Kanwa mratelakaken labuh labet pahlawan agung. Nami Raden Arjuna ingkang ngrampungi damel mbengkas dur angkara murka. Prabu Niwata Kawaca lebur saking lumahing bumi. Cariyos Arjuna Wiwaha kawentar dados lampahan Begawan Ciptowening utawi Mintaraga.
B. Reriptan Luhur.
Suluk Sunan Bonang medharaken piwucal luhur Wali Sanga. Rinumpaka tahun 1482 jaman Kasultanan Demak Bintara. Kanjeng Sunan Kalijaga yasa Kidung Rumeksa ing Wengi.
Dhandhanggula
Ana kidung rumeksa ing wengi
teguh ayu luputa ing lara
luputa bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani
miwah panggawe ala
gunaning wong luput
geni atemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah mring mami
guna duduk pan sirna
Menggahing bebrayan Jawi serat kekidungan, warisan Sunan Kalijaga saged kinarya tulak balak. Suker sakit tartamtu sumingkir. Pangeran Karanggayam paring wejangan arupi Serat Nitisruti. Kagem para nayakaning praja pangembating negari, wulangan kaprajan cocok sanget. Kitab Nitisruti karumpa tahun 1553 nalika Sultan Hadiwijaya jumeneng nata ing negeri Pajang.
Kanjeng Sultan Agung medhar kawruh kebatosan lumantar serat Sastra Gendhing. Babaran satataning panembah jati, sambang sambung srawung tulung tinulung dados gegebenganing tugas Jawi. Kanjeng Sultan Agung ngasta pusaraning adil tahun 1613 – 1645.
Prameswari nata Mataram Kartasura Sinuwun Paku Buwana I, Kanjeng Ratu Mas Balitar, ngrumpaka serat Ambiya. Kanjeng Ratu Mas Balitar winastan mustikaning putri, tetungguling widodari. Dhasar sulistya ing warna, karengga ing busana, wasis ing samukawis. Katelah Ratu pepundhening tanah Jawi. Hambok bilih lekas ingkang luhur kala wau saged kinarya patuladhan.
Karaton Surakarta Hadiningrat kagungan pujangga misuwur. Yasadipura nyerat lampahan Dewaruci. Raden Ngabehi Ranggawarsito ngrumpaka serat Pustaka Raja Purwa tahun 1843. Serat Pustaka Raja Purwa dados wacan wigatos ingkang mratelakaken sejarah kabudayan Jawi. Kapustakan kala wau minangka landhesan ombaking kabudayan Jawi ing jaman kawuri.
Sinuwun Paku Buwana IX ngripta serat Warni Warni tahun 1867. Kapitayan, kamanungsan, kasusilan dibabar kanthi gamblang trewaca. Jaman kencana rukmi kaasta dening Sinuwun Paku Buwana X ingkang ngripta Serat Panitibaya. Panjenenganipun sang nata kawentar sinebat narendra gung binathara, ambeg adil paramarta, ber budi bawa laksana, memayu hayuning bawana.
Memetri Sejarah Kabudayan Jawi kanthi sesanti:
rum kuncaraning bangsa dumunung hing luhuring budaya
Tidak ada komentar:
Posting Komentar